Diwiwiti ing periode transisi kadhaulatan saka pamarintahan kolonial Walanda menyang Pamarintahan Republik Indonesia, dianakake nasionalisasi sawetara parusahan asuransi duweke kolonial Walanda kalebu NV Assurantie Maatshappij De Nederlandern lan Bloom Vander EE taun 1845 sing dunungé ing Jakarta. Sawisé Indonésia mardika, parusahan asuransi kerugian èks Waelanda lan Inggris dinasionalisasi dadi PT Asuransi Bendasraya. Sairing karo pembangunan nasional sing merlakake jasa layanan pangayoman asuransi kerugian sing luwih jembar tumrap saben proses pembangunan, mula pamarintah nggabungake usaha mau.
Liwat Kaputusan Mentri Keuangan No. 764/MK/IV/12/1972, ing tanggal 2 Juni 1973, PT Asuransi Bendasraya sing makarya ing babagan asuransi rupiah lan PT Umum Internasional Underwriters (PT UIU) sing makarya ing babagan asuransi valuta asing dimèrger dadi PT Asuransi Jasa Indonesia, sing saiki luwih dikenal minangka Asuransi Jasindo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar